:

Musthikaning Kidung 2

1

-- Kawula punika sekar mawar saking Saron,

sekar bakung ing lebak.

2

-- Memanisku iku ana ing satengahe para kenya

pindha kembang bakung ing satengahing eren.

3

-- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman

kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas.

Aku kepengin lungguh ana ing ayome,

wohe legi tumrap ing cethakku.

4

Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyan

lan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna.

5

Bok aku kinuwatna srana panganan kismis,

sinegerna kalawan woh apel.

6

Amarga aku nandhang lara asmara.

Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,

astane tengen ngrangkul aku.

7

He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,

demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;

kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

Ing korining penganten putri 8

Rungokna! Kekasihku!

Sawangen rawuhe,

mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,

mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

9

Kekasihku iku kaya kidang,

utawa anak menjangan.

Delengen, panjenengane jumeneng

ing saburining tembok kita,

kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhela

lan nginjen ing ruji-ruji.

10

Kekasihku wiwit ngandika marang aku:

“Tangia, memanisku,

mrenea, intenku!

11

Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,

udane wis terang, lan wis kepungkur.

12

Ing pategalan wis katon kembang-kembang,

wis mangsane methik;

anggunge perkutut wis keprungu ana

ing tanah kita.

13

Wit anjir wiwit awoh,

lan kembanging wit anggur ngambar gandane.

Tangia, memanisku,

mrenea, intenku!

14

Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,

ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,

pamerna paraupanmu,

wetokna suwaramu;

amarga arum suwaramu,

lan endah warnamu!”

15

Aku padha cekelna asu wawar iku,

asu wawar kang cilik,

kang ngrusak pakebonan anggur,

pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

16

Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane

kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

17

Sadurunge angin sore midid

lan ayang-ayang ilang

dhuh kekasih kawula,

Paduka mugi kersaa wangsul,

saha karsaa tumindak kados kidang

utawi kados anak sangsam

ingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!

Link: